Jenenge Papan



ARAN PAPAN
(dening Mas Sriyono)

Alun-alun : palemahan jembar ing satengahing kutha
Babadan : palemahan sing wis dibabadi
Balapan : papan kanggo adu balap
Balé mangu : papan kanggo ngadili wong sing nyalahi hukum
Bango : papan kanggo dodolan
Bangsal : omah gedhé kanggo pasamuan
Bètèng : témbok gedhé dhuwur ing sakubengé kraton
Besalèn : papan kanggo mandhé
Bong : Kuburan Cina
Bothèkan : wadhah jamu utawa bumbon
Bubat : Papan kanggo adu samubarang
Cakruk : omah jaga ing pinggir dalan
Clunthang : wadhah jangkrik
Éndhong : wadhah panah
Épok : wadhah kinang
Ésong : growongan pinggir kali, omah landhak
Gayor : cènthèlan gong
Gedhogan : kandhang jaran
Gerdhu : omah jaga
Glodhog : kothak kanggo ngingu tawon
Gréja : omah kanggo sembahyang wong Kristen
Gowok : gowongan ing kayu
Grobog : kothakan kanggo nyimpen panganan
Gubug : omah cilik ing sawah kanggo tunggu manuk
Gudhang : omah gedhé kanggo nyimpen barang
Gupit mandragini : gedhong kanggo turu (ing kraton)
Hotèl : omah gedhé kanggo nginep
Iyan : wadhah kanggo ngelèr sega
Jodhang: wadhah kanggo nggawa panganan mawa pikulan
Jun : wadhah banyu kanggo ngangsu
Kedhaton, kraton : dalemé ratu
Kandhang : omahé kéwan rajakaya (sapi, kebo, wedhus)
Kanthongan : sak ing klambi
Kantor bank : kantor ngurusi dhuwit
Kantor pos : kantor ngurusi layang lsp.
Klenthèng : omah kanggo sembahyang wong cina
Kombong : kandhang kéwan sato iwèn (pitik, ménthok, bèbèk)
Krangkèng : kandhang kéwan galak
Kranjang : wadhah kanggo blanja
Kuncung : omah cilik sangarepé pendhapa
Kurungan : piranti kanggo ngurung
Langgar : omah cilik kanggo sembahyang utawa ngaji
Lèng : bolongan cilik ana lemah
Laji : omah gedhong sing apik
Lumbung : omah kanggo nyimpen pari
Mesjid : papan kanggo sembahyang wong Islam
Pacrabakan : papan kanggo sang Wiku, pamulangan
Padaringan : papan (wadhah) kanggo nyimpen beras
Padasan : wadhah banyu kanggo wudhuk
Padhèpokan : papan kanggo gladhi olah kanuragan
Paèstrèn : sawah ing tepiné kali
Paga : papan kanggo nyimpen bekakas pawon
Pagagan : palemahan sing ditanduri pari gaga
Pagupon : omah dara
Paidon : wadhah idu
Pakebonan : lemah sing ditanduri wit-witan
Pakunjaran : papan kanggo nahan wong
Pelabuhan : papan kanggo labuh kapal
Pelataran : lemah kothong sangarepé omah
Pamulangan : papan kanggo sekolah
Pandhapa : omah ngarep kanggo nemoni tamu
Panepèn : papan kanggo tapa
Pantisari : omah cilik ing tengah taman
Papon : wadhah enjet
Pasanggrahan : papan kanggo nginep sajabaning kutha
Pasantrèn : omah kanggo nyantri
Pasar : papan kanggo dol tinuku barang
Pasétran : papan kanggo mbuwang bangké
Pasisir : papan pinggir segara
Patamanan : papan sing ditanduri kekembangan
Patapan, Pertapan : papan kanggo tapa
Patarangan : papan kanggo ngendhog pitik
Pawon ; papan kanggo olah-olah
Pawuhan : papan kanggo mbuwang uwuh
Payudan : ara-ara kanggo perang
Pinihan : papan kanggo ndhedher winih
* Plangkan : jagragan sanggan tumbak, payung lsp.
Plegungan : papan kanggo sapi ngaso
Ploncon : gawangan kayu mawa bolongan kanggo ndèlèh teken, tumbak lsp.
Pluwang : luwungan kanggo masangi kéwan alas
Pomahan : pekarangan sing diedegi omah
Pondhok : omah kanggo santri
Pragèn : wadhah bumbon
Pranji : kurung pitik
Ranggon : gubug kanggo lèrèn
Rong : lèng sing gedhé
Rumah sakit : omah kanggo ngrumat wong lara
Sanggar : papan kanggo muja semèdi
Segaran : tironé segara
Sekolahan : papan kanggo sekolah
Selon : bumbung kanggo wadhah bumbu
Senthong : kamar kanggo turu
Setrèn : sawah pinggir kali
Slepi, Slepèn : wadhah bako
Sudhung : gegrumbulan omah cèlèng
Susuh : omah manuk
Tobong : luwengan kanggo ngobong gendhèng
Tala : omah awon
Tambak : blumbang kanggo ngingu bandeng
Tangsi : omahé saradhadhu
Tegalan : palemahan sing ditanduri palawija
Tulang : kothakan cilik kanggo adu jangkrik
Warung : omah kanggo dodolan
Wrangka : kayu wadhah keris utawa tumbak


Komentar

Postingan populer dari blog ini

Opini

Purwakanthi

Unggah-Ungguh Basa Jawa