Postingan

Menampilkan postingan dari November, 2013

Pamilihane Tembung

Gambar
 Katrangan:  Tembung bisa diudhal manut wandane lan kudu adhedhasar tembung linggane (menawa tembung andhahan).  Tuladha: - dolan      : do-lan                - dolanan  : do-la-nan                - maju       : ma-ju                - kemajon : ke-ma-ju-an Jinise tembung Jawa ana 2 : 1. Tembung Lingga, yaiku tembung sing durung owah saka asale.     Tuladha :      a. 1 wanda : lap, ban, sing, gas, tang, lsp      b. 2 wanda : maca, guru, durung, mengko, siji, lsp      c. 3 wanda : gamelan, semana, segara, lsp 2. Tembung Andhahan, yaiku tembung sing wis owah saka asale.    Tuladha : tulisane, piwulang, mlayu, numpak, balekna, omahe, makani, nyaponi, ngresiki, golekna, lsp Tembung andhahan : - tembung lingga oleh ater-ater (awalan) - tembung lingga oleh panambang (akhiran) - tembung lingga oleh seselan (sisipan) - tembung rangkep (kata ulang) - tembung camboran (kata majemuk) a. Ater-ater 1. ater-ater : a (ma) a + kudhung = akudhung a + tulis = anulis a + karya = akarya

Tembung lan Jinise

Tembung dumadi saka wanda. Wanda dumadi saka aksara. Tembung kena dienggo ndhapuk ukara. Miturut golongane, tembung ana 10 warna: 1. Tembung Aran (kata benda)    Contone : meja, montor, buku, sepatu, ember, radio. bangku, klambi, kayu, sepur, lsp 2. Tembung Kriya (kata kerja)    Contone: maca. turu, adus, mangan, nulis, mlayu, mlaku, tuku, nyapu, nemvang, lsp 3. Tembung Ganti (kata ganti)    Contone: aku, kowe, bapak, ibu, dheweke, ku, mu, pak dhe, embah, lsp 4. Tembung Wilangan (kata bilangan)    Contone: siji, loro, setengah, akeh, kabeh, sepuluh, enem, lsp 5. Tembung Sipat/Kahanan (kata sifat)    Contone: ayu, pinter, elek, kuru, abang, sregep, seneng, lemu, susah, lsp 6. Tembung Katrangan (kata keterangan)    Contone: ngisor, lor, kana, tengah, ndhuwur, wetan, kidul, pojok, kulon, kene, lsp 7. Tembung Seru/ Pangguwuh (kata seru)    Contone: wah, adhuh, ah, tulung, lho, eh 8. Tembung Sandhangan (kata sandhang)    Contone: sang. hyang, raden, kyai,

Tembung Rurabasa

Tembung rurabasa ateges tembung rusak, basa kang wis luput kelantur-lantur, nganti ora kena dibenerake maneh. Ora kena dibenerake jalaran pancen wis ora lumrah dibenerake utawa dianggep bener. Tembung rurabasa dibagi dadi 2, yaiku: A. Tembung salah kaprah sing wis paten, tegese ora bisa diowahi utawa wis ora bisa dibenerake. Tuladhane kaya ing ngisor iki : 1. adang sega, benere: adang beras supaya dadi sega. 2. njait klambu. benere: njait bahan/kain supaya dadi klambi. 3. mbunteli tempe, benere: mbunteli kedhele kang wis digodhog lan dirageni, supaya dadi tempe. 4. menek krambil, benere: menek wit krambil, yaiku glugu. 5. mikul dhawet, benere: mikul genthong cilik (utawa wadhah liyane ) isi dhawet. 6. ngenam klasa, benere: ngenam mendhong supaya dadi klasa. 7. nulis layang, benere: nulisi dluwang supaya dadi layang. 8. nguleg sambel, benere: nguleg lombok, brambang, tomat, trasi lan uyah supaya dadi sambel. 9. ndheplok gethuk, benere: ndheplok pohung kang wis digodhog sup