Postingan

Menampilkan postingan dari 2013

Sesorah Basa Jawa

SESORAH Sesorah (pidato) yaiku medharake gagasan kanthi lisan ing sangarepe wong akeh. Sesorah uga diarani Medharsabda. Medhar tegese ngandharake, sabda tegese omongan. Urut-urutane sesorah: 1. Salam Pambuka Isine ngucapake salam marang para rawuh/tamu, minangka tandha sapa aruh lan pakormatan. Kawiwitan tembung nuwun utawa salam liyane. 2. Pamuji Isine muji syukur lan panuwun marang Gusti kang Maha Agung supaya adicara kang ditindakake bisa lancar, ora ana alangan saka wiwitan nganti rampung. 3. Isi/wigatining sesorah Ngaturake apa ancas/tujuane sesorah. Tuladha adicara pepisahan siswa kelas IX, pengetan dina Kartini, ceramah bab kabudayan, agama, politik lan sosial 4. Pangarep-arep Nyuwun donga pangestu marang para rawuh/tamu supaya apa kang dadi gegayuhane(cita-cita) bisa kaleksanan. Tuladha: sing lulus sekolah bisa oleh gawean, sing ulang taun (ambal warsa) bisa lancar sekolahe, sing dadi manten bisa tentrem anggone mbangun bale wisma, ceramah apa kang dian

Cerita Rakyat

Gambar
Top of Form Bottom of Form ASAL-USULIPUN RAWA PENING Ngasem menika nami dhusun ingkang kalebet wewengkon Kecamatan Ambarawa, Kabupaten Semarang. Kacariyos ing Ngasem wonten padhepokan kondhang. Sedaya puthut lan endhang sebatan kangge murid jaler lan estri sami mongkog manahipun pikantuk tuladha saking guru ingkang asma Ki Hajar Salokantara. Ki Hajar kagungan budi wicaksana. Dene muridipun nama Ni Endhang Ariwulan ingkang elok lan ayu. Satunggaling dinten Ni Endhang bingung pados peso ingkang biyasanipun kangge nyigar pinang ingkang badhe dipuncawisake kangge sesajen wayah dalu. Kanthi ati kapeksa, piyambakipun matur dhateng Ki Hajar supados kersa ngampili peso. Ki Hajar kaget, nanging amargi sampun mepet wekdalipun, peso wau dipunparingaken kanthi wanti-wanti supados ngatos-atos lan sampun ngantos peso kaselehaken ing pangkon. Nanging Ni Endhang kesupen. Peso kaselehaken wonten pangkonipun. Sanalika peso ical. Ni Endhang ngadhep Ki Hajar rumaos lepat, nanging

Cerkak

Ajining Awak Seka Tumindak           Nuju sawijining dina, ana bocah loro aran Dhimas lan Tejo. Bocah loro iki seneng dolan bareng, nang ngendi ana Dhimas mesthi ning kono ana Tejo. Wektu kuwi Dhimas lan Tejo nembe rampung bal-balan karo kanca-kanca liyane. Bocah loro iku arep bali menyang omahe dhewe-dhewe, nanging ana ing dalan si Tejo mandeg. Dhimas bingung terus takon marang kancane kuwi. “Ana apa Jo, kok mandeg?” “Heh, Mas, kowe weruh pelem sing ana ning kebone mbah Surip kae ora?” Tejo ngacungi wit pelem sing dikarepke. Dhimas banjur manggut-manggut ngerti. “Lha, ana apa ta Jo?” pitakone Dhimas saya bingung “Woalah Mas, awak dhewe ki lha yo nembe ngelih ta?” Tejo malah takon balik. “Dina iki rasane panas tenan, nah awak dhewe mangan pelem kae mesthi seger”. “Iya mesthi seger tenan ya Jo, ” Dhimas wus mbayangke nalika mangan pelem, mesthi rasane enak, batine “Eh, nanging aku wedi karo mbah Surip nah arep nyuwun peleme ki piye?” Tejo mesem sajak ana polah sing di