Jenenge Godhong



ARAN GODHONG
(dening Mas Sriyono)

godhong aren : dliring
godhong asem : sinom
godhong cocor bebek : tiba urip
godhong dhadhap : tawa
godhong enom : pupus
godhong gedang tuwa : ujungan
godhong gedang garing : klaras
godhong kebang : kajang
godhong jati : jompong
godhong jarak : bledhek
godhong jarak kebo : lomah lameh
godhong jambe : procot
godhong kates : gampleng
godhong kacang lanjaran : lembayung
godhong kacang brol : rendeng
godhong kecipir : cethethet
godhong krambil enom : janur
godhong krambil tuwo : blarak
godhong kelora : limaran
godhong kemladeyan : kumuda
godhong kluwih : kleyang
godhong lempuyang : lirih
godhong lombok : sabrang
godhong mlinjo : so
godhonh pari : damen
godhong pring : elermanyura
godhong randu : baladewa
godhong siwalan : lontar
godhong tales : lumbu
godhong tebu teles : momol
godhong tebu garing : rapak
godhong telo : jlegor
godhong turi : pethuk
godhong waluh : lomah-lameh
godhong widara putih : trawas

Sumber : https://www.facebook.com/notes/kawruh-jawa/aran-godhong/10151549994278492


Komentar

Postingan populer dari blog ini

Opini

Purwakanthi

Unggah-Ungguh Basa Jawa