Postingan

Menampilkan postingan dari Januari, 2014

Legendha

Gambar
Legendha Karang Bolong Wonten ing satunggaling dinten, abad ingkang sampun kapengker, kerajaan Kartasura. Kasultanan dipuncobi, amargi permaisuri ingkang dipuntresnani gerah ingkang tumemen. Sajatosipun Pangeran ugi sampun  pados obat wonten pundi kemawon ananging dereng saged kepanggih ingkang dipun padosi. Pangeran ugi sampun pados tabib ananging ugi boten wonten ingkang saged nambani. Tansaya dangu Permaisuri tansaya kuru, kuru aking kadosta boten gadhah daging. Masarakat Kasultanan Kartasura kagungan penggalih turut prihatos dhumateng kasarasanipun Permaisuri, amargi mergi babagan menika pamarentah kasultanan dados boten keteta sae, boten mlampah kanthi sae. “ Menawi miturut pamrayogi kula, panjenengan menika kedah pados panggenan ingkang sepen kangge pados pituduh saking Gusti kangge kasarasanipun Permaisuri” ngendikanipun Penasehat Istana. Boten patosa dangu Pangeran Kartasura nindhakaken tapa. Godaan-godaan ingkang dipunalami saged dipunlampahi. Wonten ing sawij

Cerita Anak

Gambar
Semut lan Kepompong Ana ing salah sawijining alas ingkang rengked, kewan-kewan urip kanthi tentrem. Kewan-kewan iku kayata semut, gajah, macan, manuk, badak, kupu-kupu, lan liya-liyane. Ana ing salah sawijinging dina, ana badai sing gedhe banget. Badai kuwi teka, saengga gawe panik kabeh kewan ing alas mau. Kabeh kewan panik lan mloya-mlayu kanthi keweden kanggo ngindari badai kuwi. Dina sesuke, srengenge njedul kanthi sumorot kang gawe anget lan manuk-manuk padha ngoceh kang gawe endah dirungoke. Nanging opo kang kadadeyan? Akeh wit-witan ing alas mau padha rubuh kang nggawe alas mau dadi alas kang ora rupa wujude. Ana kepompong kang lagi nangis lan sedih merga wit-witan padha rubuh. “huu..huuu…kita dhewe sedih banget, ana badai lan saiki ora ana papan kanggo ngiyub…huuu…huuu…” tangise kepompong karo nggrenyem werna-werna. Seka ngisor lemah, ana semut nongol lan kanthi dumeh dheweke ngomong, “hai kepompong, delenga aku, aku slamet seka badai wingi kae, ora kaya kowe

Opini

Ora Ngapak Ora Kepenak                  Basa ngapak utawi bahasa Banyumasan inggih menika salah setunggaling kelompok basa Jawa ingkang dipunginakaken wonten ing wilayah Kilen Jawa Tengah. Logatipun menika radi benten menawi dipunbandingaken kalihan basa Jawa logat sanesipun amargi basa Banyumasan tesih raket sanget hubunganipun kalihan basa Jawa Kina(Kawi). Basa ngapak  termashur kalihan cara anggenipun ngendika ingkang kas. Dialek utawi logat ngapak asring dipunsebut Bayumasan amargi dipunginakaken masarakat ingkang netep wonten ing Banyumas.                  Golongan basa Jawa sebelah Kilen menika ingkang asring kasebut basa Banyumasan( Ngapak-Ngapak). Menawi dipunbandingaken kalihan basa dialek Yogya kalihan Surakarta, dialek banyumas menika kathah sanget bentenipun. Ingkang ngeterani sanget utawi saged kangge titian menawi basa menika basa ngapak inggih punika wonten ing bagian akhir pocapan”a” tetep dipunucapaken “a” sanes “o”. Menawi wonten ing Solo tiyang gesang dhaha

Opini

Gambar
Tiyang Jawi Ilang Aksara Jawanipun Salah satunggaling ciri bangsa ingkang ageng inggih menika majengipun  kasusastraan basa wonten daerah menika. Jawa inggih menika kagolong papan ingkang kathah sanget kasusastraanipun. Salah satunggaling kasusastraan wonten ing Jawi inggih menika nyerat aksara Jawa. Wonten ing jaman rumiyin pujangga-pujangga Jawi menika kathahipun anggenipun nyerat karya sastra ngginakaken aksara Jawa. Perkawis kados mekaten nggambaraken menawi peradhaban wonten ing Jawa menika sampun ngginggil babagan sastra. Ampun Ngaku panjenengan menika tiyang Jawi menawi boten kenal kaliyan aksara Jawa. Wonten ing jaman sakmenika kathah tiyang ingkang ngakunipun tiyang Jawi, tresna kaliyan budaya Jawa seneng karya sastra Jawa ananging mboten mangertos aksara Jawa. Sakderengipun nglajengaken andharan menika, langkung rumiyin badhe sakedhik dipunandharaken babagan aksara Jawa. Aksara Jawa menika kadadosan saking kalihdasa aksara. Urut-urutanipun aksara Jawa