Saloka Basa



SALOKA BASA

Saloka yaiku unen-unen ajeg panganggone ngemu surasa pepindhan kang dipindahake wonge. Tuladha:
Asu belang kalung wang
:
Wong ala (asor) ananging sugih bandha.
Asu gedhe menang kerahe
:
Luwih dhuwur pangkate, luwih gedhe panguwasane.
Ati bengkong oleh oncong
:
Wong duwe niat ala, ana sing nyarujuki, oleh dalan.
Baladewa ilang gapite
:
Ilang kekuatane.
Bathok bolu isi madu
:
Wong asor nanging sugih kepinteran.
Bebek mungsuh mliwis
:
Wong pinter mungsuh pinter, sijine kalah ubed utawa kalah trampil.
Belo melu seton
:
Melu anut grubyug nanging ora ngreti karepe.
Cebol nggayuh lintang
:
Gegayuhan kang mokal bisane kelakon.
Cecak nguntal empyak/cagak
:
Gegayuhan kang ora timbang karo kekuwatane.
Dhandhang diunekake kuntul, kuntul diunekake dhandhang
:
Ala diunekake becik, becik diunek-ake ala.
Dhemit ora ndulit, setan ora doyan
:
Tansah diparingi slamet.
Dom sumuruping banyu
:
Laku sesidheman kanggo nyumurupi wewadi.
Emprit abuntut bedhug
:
Prekara sepele dadi gedhe.
Endhas gundhul dikepeti
:
Wis kepenak isi dienak-enakake.
Gagak nganggo elaring merak
:
Wong asor (cilik) tumindak kaya wong luhur.
Gajah alingan suket teki
:
Lair lan batine ora padha bakal ketara.
Gajah ngidak rapah
:
Nerjang wewalere/janjine dhewe.
Gajah perang karo gajah kancil mati ing tengah
:
Wong gedhe pasulayan, wong cilik dadi kurban.
Gong lumaku tinabuh
:
Wong sing kumudu-kudu ditakoni, dijaluki piwulang.
Idu didilat maneh
:
Menehi dijaluk bali (murungake janji kang wis diucapake).
Iwak klebu ing wuwu
:
Wong sing kena apus kanthi gampang.
Jati ketlusuban ruyung
:
Kumpulane wong becik kelebon wong ala tumindake.
Jaran kerubuhan empyak
:
Wis kapok banget.
Kacang ora ninggal lanjaran
:
Pakulinane anak lumrahe niru wong tuwa.
Kebo bule mati setra
:
Wong pinter nanging ora ana kang merlokake.
Kebo ilang tombok kandhang
:
Wis kelangan, isih ngetokake wragat kanggo nggoleki.
Kebo kabotan sungu
:
Rekasa jalaran kakehan anak.
Kebo mulih ing kandhange
:
Wong lunga wis suwe, bali ing omahe maneh.
Kebo nusu gudel
:
Wong tuwa njaluk warah marang wong enom.
Kere munggah bale
:
Wong didadekake wong luhur.
Kethek saranggon
:
Sagrombolan wong tumindak ala.
Klenthing wadhah masin
:
Angel ninggalake pakulinan ala.
Kriwikan dadi grojogan
:
Prekara cilik dadi ngambra-ambra(gedhe).
Kutuk marani sunduk
:
Njarag marani bebaya.
Lahang karoban manis
:
Rupane ayu/bagus tur ya apik bebudene.
Lambe satumang kari samerang
:
Dituturi bola-bali tetep ora nggugu.
Legan golek momongan
:
Kepenak malah golek rekasa.
Opor bebek mentas awake dhewek
:
Rampung saka dayane dhewe.
Palang mangan tandur
:
Dipercaya malah gawe rusak
Pecruk tunggu bara
:
Dipasrahi tunggu sing dadi kesenengane.
Pitik trondhol diumbar ing pedaringan
:
Wong ala dipasrahi nunggu barang pengaji, wekasan malah ngentek-enteki.
Satru munggwing cangklakan
:
Mungsuh wong sih isih sanak sedulur.
Sumur lumaku tinimba
:
Wong sing kumudu-kudu ditakoni.
Tekek mati ulone
:
Nemu cilaka jalaran saka guneme dhewe.
Tumbu oleh tutup
:
Wis cocog banget.
Timun mungsuh duren
:
Wong cilik mungsuh wong kang duwe panguwasa.
Timun wungkuk jaga imbuh
:
Wong bodho kanggone mung yen kekurangan wae.
Tunggak jarak mrajak, tunggak jati mati
:
Prakara ala ngabra-ambra, prekara becik mung kari sethithik.
Yuyu rumpung mbarong ronge
:
Omahe magrong-magrong, sejatine kekurangan.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Unggah-Ungguh Basa Jawa

Purwakanthi

Anoman Duta/ Anoman Obong