Dongeng Kanggo Bocah

Gadhing Gawe Eling
Dening : Sulistyawati Itheng
Punika yen para kadang badhe ndongeng kagem lare-lare. dongeng karangan kula piyambak lan nate kula dongengaken ing lomba Guru Mendongeng thn2004 kasil juara I tkt Kabupaten Magelang. Ugi kapacak ing Djaka Lodhang th 2005.
--------------------------------------------------------------------------------------------------

Mbulan bunder kepleng pamer ayune, lintang pating krelip mbebeda langit kaya padha nggeguyu Pulung sing ora bisa turu. Matane kethap-kethip kaya senthir kasatan lenga, awake sing gering kentekan daging mung nggolang goling ana amben pring.
Anggone ora bisa turu jalaran tansah kelingan kadadeyan dhek mau awan ana ing pinggir kali Krasak, arep dilalekake kok tansah ngreridhu batin.
Nalika iku ,Pulung bocah lola sing manggon ana pinggir alas lunga ijen tanpa kanca nyeja golek iwak ana kali Krasak mbok menawa kena kanggo lawuh, nanging nganti ngubek-ubek banyu makaping-kaping ora entuk iwak malah drijine tatu di cokot yuyu.
Rumangsa ora oleh gawe, Pulung dadi mutung arep mulih wegah, trima teturon ana ngisor wit randhu. Lagi sauntara ngglethak, dumadakan macan teka melu-melu ngglosor ana sandhinge, ambegane sengol, matane mencereng.
“Ngapa kok mentheleng, Mbang?”,pitakone Pulung sing wis kekancan karo Si Kumbang wiwit ditinggal mati bapa biyunge jalaran kena lahar Merapi.
“Aku lagi nesu”
“Nesu karo aku?”
“Ora!”
“Yen anggonmu nesu ora karo aku, ya aja menthelengi aku, sepet mripatku nyawang ulatmu sing ora sedhep”, mengkono tembunge Pulung karo ngruket Kumbang kaya adat sabene.
Bareng wis rada anteng ambegane, Kumbang crita yen mau lagi bae ketemu gajah sing lagi bungah ngumukake untune sing ajine ora lumrah, dadi golekane manungsa ing saindhenging donya.
“Lha kok kowe banjur nesu?”
“aku mangkel. Ing atase untune mau cacahe loro kok dak jaluk siji ora oleh”
“Kowe kuwi ya aneh. Coba kukumu sing akeh kuwi dak jaluk apa ya oleh?”
“Mbuh, aku ora butuh ocehanmu ning aku mrene butuh pitulunganmu”
“Njaluk tulung kepriye?”
“Kowe rak manungsa, mesthi duwe akal, mula coba kepriye bisane aku ngrebut untune gajah mau?”
Pulung mesthi bae ora saguh, jalaran tangeh lamun dheweke bisa nuruti karepe macan, nanging macan ora percaya, malah nesu banjur lunga klepat karo nggereng–nggereng ulate peteng.Pulung bingung thenger-thenger lungguh ana watu bunder.
“Ora susah bingung, Lung. Kumbang kae yen karo kowe ora bakal tegel nesu temenan”, panglipure wit Randhu karo ngepeti awake pulung sing adus kringet.
“Ya, muga–muga bae. Pancen aku ora sarujuk karo watake sing sok menangan kae, nanging wong aku wis kepotangan budi, yen biyen ora digondhol Kumbang, aku mesthi ya wis mati katut lahar Merapi”, wangsulan mengkono Pulung karo dheleg-dheleg.
Durung tutug sakarone omongan, dumadakan Kumbang teka karo nangis sesenggrukan, Pulung age- age methukake lan ngruket awake Kumbang didhekep ana dhadhane, dielus-elus wulune.
“Ngapa kowe, Mbang?”
“Aku isin, Lung”
“Isin karo sapa ?”
“Ya karo sapa bae”
‘Wis saiki crita sing cetha .Olehe nangis uwis, kok ora sembada karo olehmu nggereng”.
Kumbang banjur crita yen sawise lunga mau niate arep ngoyak gajah, ngrebut untune, nanging durung nganti kecandhak, dumadakan Gajah ambruk bareng karo swara senapan, jebul ana manungsa pirang-pirang ing alas mau. Sawise gajah ambruk saeba kagete Kumbang bareng ngerti yen anggone padha mateni Gajah mau arep dialap untune sing diarani gadhing. Sanalika Kumbang eling yen durung mesthi barang sing larang regane kuwi njalari tentrem, geneya dheweke ndadak meri kepingin duwe gadhing.
“Mula, dadi kewan mono mbok sing narima ing pandum. Kabeh wis digariske karo sing kuwasa, aja sok meri duweke liyan”, Pulung celathu mangkono karo ngulap eluhe Kumbang sing isih tumetes.
“Ning sing kebangeten ya bangsamu kok, Lung.Ing atase bisa gawe apa bae kok ya isih pingin nyimpen gadhing, tanpa welas karo kewan sing sejatine bisa diajak kekancan”, wit Randhu sing wiwit mau meneng melu caturan.
“Lha, yen bab kuwi aku ora melu-melu. Kowe rak ya ngerti ta aku ana alas iki mung nunut awak gering, golek tela sepiring, ngombe banyu sing bening, sabisa-bisa aku tetep eling”, wangsulane Pulung karo ngguyu, Kumbang uga melu ngguyu, apa maneh wit Randhu.
Kelingan kadaean kuwi Pulung kaya dielingake yen wong urip mono kudu tansah narima, tresna sapadha-padha lan ora gawe pitunan marang liyan.
Mbulan isih tetep kepleng, lintang uga isih kenes adol impen, Pulung suwe-suwe ngantuk, banjur mapan gumlethak ana jeron gubuk, ing alas kana Kumbang uga lagi nglenggur wis lali karo nasibe Gajah. ***
 

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Unggah-Ungguh Basa Jawa

Purwakanthi

Anoman Duta/ Anoman Obong