Paribasan

PARIBASAN

Paribasan yaiku unen-unen ajeg panganggone tegese wantah ora ngemu surasa pepindhane.
Tuladha:
Adigang, adigung, adiguna
:
Ngendelekake kekuatan, keluhuran lan kepinteran.
Ana catur mungkur
:
Ora ngrungokake omongan, guneman sing ala.
Angon mangsa
:
Golek wektu kang becik/ prayoga.
Anak polah bapa kepradhah
:
Wong tuwa bakal ngrasakake tumindhake anak.
Becik ketitik ala ketara
:
Tumindak ala lan becik iku bakal ketara/dingerteni tembe mburine.
Busuk ketekuk pinter keblinger
:
Sing bodho lan sing pinter padha dene nemu cilaka.
Ciri wanci lelai ginawa mati
:
Pakulinan ala ora bisa ilang yen durung mati.
Cincing-cincing maksa klebus
:
Karepe arep ngirit ananging jebul entek akeh.
Criwis cawis
:
Nyacad, akeh omonge ananging uga mrantasi ing gawe.
Dahwen ati open
:
Nyacad nanging duwe pamrih.
Desa mawa cara, negara mawa tata
:
Saben panggonan duwe cara dewe.
Dudu sanak dudu kadang yen mati melu kelangan
:
Sanjan wong liya yen nandhang rekasa bakal dibelani.
Durung pecus keselak besus
:
Durung nyambut gawe nanging duwe pepenginan warna-warna.
Entek amek kurang golek
:
Ngunek-unekake wong sakatoge.
Garang-garing
:
Katone sugih nanging sejatine kacingkrangan/kekurangan
Njajah desa milang kori
:
Lelungan tekan ngendi-ngendi
Jalukan ora wewehan
:
Seneng njaluk ora gelem menehi
Jer basuki mawa beya
:
Gegayuhan kudu nganggo ragad.
Njunjung ngentebake
:
Ngalembana ananging niyate ngasorake.
Kalah cacak menang cacak
:
Kabeh pegawean kudu dicoba dhisik bisa lan orane.
Kebat kliwat gancang pincang
:
Tumindak kesusu/grusa-grusu bakal ora kebeneran/gawe rugi.
Keplok ora tembok
:
Melu seneng-seneng nanging ora melu ngetokake ragad.
Ketula-tula ketali
:
Uripe ngrekasa banget.
Kumenthus ora pecus
:
Umuk ananging ora sembada.
Maju tatu mundur ajur
:
Prakara kang sarwa gawe ewuh.
Mbuwang tilas
:
Ethok-ethok ora ngerti tumindak ala sing dilakoni.
Mikul dhuwur mendhem jero
:
Anak kang bisa njunjung drajate wong tuwa.
Nabok nyilih tangan
:
Tumindhak ala sarana kongkonan.
Nyolong pethek
:
Mleset saka pambatange.
Pupur sadurunge benjut
:
Ngati-ati sadurunge nemu cilaka.
Rawe-rawe rantas
:
Sing sapa ngalang-alangi malang-malang putung kekarepane bakal disingkirake.
Rukun agawe sentosa
:
Rukun bisa dadi kuwat lan yen crah agawe bubrah cecongkrahan njalari ringkih.
Sabaya mukti sabaya mati
:
Rukun nganti tumekaning pati.
Sepi ing pamrih rame ing gawe
:
Nyambut gawe kanthi mempeng tanpa duwe pamrih.
Sing sapa salah seleh
:
Sapa sing salah bakal konangan.
Sura dira jayaningrat lebur
:
Kekuatan sing gedhe bakal pangastuti sirna dening tumindak becik.
Tega larane ora tega patine
:
Tega rekasane nanging isih menehi pitulungan.
Tinggal glanggang colong playu
:
Ninggalake papan pasulayan, peperangan.
Tulung menthung
:
Katone mitulungi nanging malah gawe rekasa sing ditulungi.
Tuna sathak bathi sanak
:
Rugi bandha nanging bathi pasuduluran.
Ulat madhep ati karep
:
Wis mantep banget kekarepane.
Undhaking pawarta sudane kiriman
:
Kabar iku beda karo nyatane.
Welas tanpa alis
:
Karepe ngeman nanging malah gawe kapitunan.
Yitna yuwana lena kena
:
Sing ngati-ati bakal slamet dene sing sembrana bakal nemu cilaka.


Sumber: http://seputarafitta.wordpress.com/2010/06/23/kawruh-basa/

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Anoman Duta/ Anoman Obong

Pamilihane Tembung

Unggah-Ungguh Basa Jawa