Tuladha Wacan Basa Jawa
Tuladha Wacan Basa Jawa 1) Manggen Klas Enggal Itak minggah kelas sekawan. Bijinipun sae, malah onjo piyambak. Sekolahanipun Itak punika sekolahan ingkang majeng, malah dados contonipun sekolah-sekolah sane sing sakiwatengenipun. Saben wonten lomba, sekolahanipun Itak temtu tumut. Adhakanipun saged nomer satunggal. Upaminipun lomba olahraga, lomba kesenian, lan cepat tepat P4. Boten nggumunaekn, sekolahanipun Itak lajeng angsal kawigatosan ageng saking Pamarentah lan ugi saking masyarakat ing sakiwa-tengenipun. Upaminipun ing babagan pembangunan. Sekolahanioun Itak mentas kemawon dipun yasakaken gedhung tingkat enggal dening Pamarentah, jangkep saprabotanipun. Boten naming prabot arupi meja, kursi, lan lemantun, nanging ugi praboting pasinaon ingkang arupi praboting wucalan ketrampilan, olahraga, lan kesenian. Upaminipun, mesin jait, prab...