Geguritan
- Dapatkan link
- X
- Aplikasi Lainnya
Budayane Sapa?
Indonesia bangsa kang kebak budaya
Budaya kang dadi ajining bangsa
Maneka warna gawe tresna para manca
Bule Landa padha nyinau uga mratekna
Iki lho cah. . . .miris tenan manahku
Iki lho cah. . . .sapa sing ora sumelang
Rungakna kae gamelanku
Delokna kae jogedanku
Sapa kang mragakna?
Bule Landa !
Sakjane kuwi budayane sapa?
He para muda-mudi bangsa
Mlingsep ning ndi ayo padha tangi
Nyinau budayane dewe
Sesandhing karo para Landa?
Ya ora popo
Sejatine rasa kang ora bisa ditiru para Landa
- Dapatkan link
- X
- Aplikasi Lainnya
Komentar
Posting Komentar