Sesrawungan
AJINE KAWRUH SESRAWUNGAN
Kita urip ing alam donya iki mbutuhake srawung karo liyan. Awit siji lan
sijine kudu sesambungan: gethok tular, tulung tinulung, sambat-sinambat. Wiwit
jaman kuna-makuna, uripe manungsa pancen wis padha sesrawungan lan gegrombolan.
Kejaba ta ana wong kang arep urip ora kaya salumrahe, arep menjila, mertapa,
utawa urip ijen ana ing tengahing alas, ora mikir sandhang pangan lan keperluwan,
--- bisa uga wong kang kaya mangkono mau ora mbutuhake marang pasrawungan.
Nanging tumrape umum, kang urip ing bebrayan, kang mangku bale omah, kang
sesambungan lan kulawarga, --- gelem ora gelem , kudu sesrawungan karo liyan.
Wiwit nindakake pegaweyan kanggo kebutuhan dhewe ing sajroning omah ing
sajabaning omah, nganti pegaweyan ing kantor , pasar, plabuhan, pabrik, tegal
sawah, lsp. Kita mesthi mbutuhake srawungan lan tenagane liyan.
Malah-malah tumrape wong kang arep anggayuh kemajuwan ing laladan
pegaweyane, bab sesrawungan iku kudu digatekake banget. Disinau kanthi
temen-temen supaya mangerti marang wadi-wadi , nuli ditindakake kanthi becik,
murih bisane karahayon saka enggone pinter sesrawungan , sokur bage bisa antuk
kauntungan.
Manut panitipriksane Lembaga Carnegie, nyata yen asile gegayuhane wong ing
laladan pegaweyane iku : 15% saka kawruhe vak, yaiku kawruhe kang ditindakake ,
dene kang 85% saka enggone pinter sesrawungan karo liyan, luwih-luwih karo wong
kang gegayutan karo pegaweyane.
Samono pentinge kawruh bab sesrawungan utawa pergaulan. Nanging nalikane
kita isih bocah isih sekolah biyen ora nate oleh wulangan kasebut. Mengkono uga
ing kapustakan kita, para leluhur kita ora ninggali kitab wewarah ngelmu
srawungan kang kena kita enggo tuntuna urip ing sajroning alam rame iki. Ing
Wedhatama mung ana tinemu pepindhan, kepriye tunane (rugine) wong kang kidhung
(kaku) ing bab sesrawungan kang amarga kurang sesurupane . sanadyan tuwa pisan
, nanging yen ora ngerti marang ubeng ingering jaman, yekti sepi asepa lir
sepah samun, samangsane pakumpulan, gonyak-ganyuk nglelingsemi. Mangkon kasebut
ing Wedhatama.
Dadi wong kurang kawruhe, yen srawungan karo wong akeh, sikepe
gonyak-ganyuk ngisin-isini. Utawa cara tembunge kang lumrah : lingak-linguk kaya
kethek ditulup.
Mula saka iku, kawruh sesrawungan utawa pergaulan iku sajatine perlu banget
kita udi. Awit yen kita kasil bisa nindakake kanthi becik, bisa narik perhatian
lan sympatiene (sengseme) wong kang kita ajak srawungan, bakal bisa nekakake
karahayon tumrap kita, lan iya bisa nekakake kauntungan lan kabegjan tumrap
pegaweyan utawa perusahaan kita.
Dipethik saka : Ajur-ajer, Imam Supardi.
Komentar
Posting Komentar