Opini
Basa ngapak utawi bahasa Banyumasan inggih menika salah setunggaling kelompok
basa Jawa ingkang dipunginakaken wonten ing wilayah Kilen Jawa Tengah.
Logatipun menika radi benten menawi dipunbandingaken kalihan basa Jawa logat
sanesipun amargi basa Banyumasan tesih raket sanget hubunganipun kalihan basa
Jawa Kina(Kawi). Basa ngapak termashur kalihan cara anggenipun ngendika
ingkang kas. Dialek utawi logat ngapak asring dipunsebut Bayumasan amargi
dipunginakaken masarakat ingkang netep wonten ing Banyumas.
Golongan basa Jawa sebelah Kilen menika ingkang asring kasebut basa Banyumasan(
Ngapak-Ngapak). Menawi dipunbandingaken kalihan basa dialek Yogya kalihan
Surakarta, dialek banyumas menika kathah sanget bentenipun. Ingkang ngeterani
sanget utawi saged kangge titian menawi basa menika basa ngapak inggih punika
wonten ing bagian akhir pocapan”a” tetep dipunucapaken “a” sanes “o”. Menawi
wonten ing Solo tiyang gesang dhahar “sego”(nasi), ananging menawi wonten
daerah Banyumasan tiyang gesang dhaharipun “sega”. Kejawi menika ugi wonten
tembung-tembung ingkang ngangge akhiran huruf mati(vokal) ingkang dipun waos
wutuh, tuladhanipun tembung enak wonten ing dialek sesanesipun ngapak
dipun waos “ena” , ananging menawi wonten dialek Banyumasan kedah diunwaos sami
kalihan menapa ingkang kaserat, inggih menika dipun waos “enak” kanthi suara huruf
“k” kandel. Kanthi alasan menika basa Banyumasan dipun kenal dening masarakat
kanthi basa Ngapak utawi Ngapak-ngapak.
Sejatosipun ngapak menika langkung trep menawi dipun sebutaken kangge masarakat
kanthi dialek Banyumasan. Ananging perlu kawigatosan babagan boten sedaya
masarakat wonten ing setunggal kabupaten migunakaken basa ngapak, tuladhanipun
Cilacap. Boten sedaya ingkang kalebet ing kabupaten Cilacap dipun sebut ngapak.
Cilacapz Kilen, antawisipun wonten ing Kecamatan karang pucung, Cimanggu,
Wanareja, kalihan Majenang basa nipun sampun radi “bengkok/jaipongan”.
Ngapak menika boten sami kalihan lawan kata dialek wetanan(Yogya-Solo) utawi
dialek “bandhek”. Diskusi menika temtunipun saged panjang sanget menawi boten
sami narima ing kahanan. Antawisipun masalah ingkang radi asring dipun rembag
inggih menika menawi basa Jawa asal ipun saking basa Jawa-kuna, kawi: kados
ingkang dipunngendikaaken basa tutur tiyang-tiyang kina. Tiyang ingkang
basanipun ngapak gadhah pedoman wonten ing aksen Ha Na Ca Ra…. Sanes Ho No Co
Ro Ko….
Basa ngapak ugi kaancem punah amargi( kadosipun)
badhe dipuntilaraken kalihan masarakatipin. Generasi sakmenika kususipun tiyang
enem kathahipun susah menawi nyerat basa Jawa ngangge aksara latin, langkung-langkung
menawi ngangge huruf Jawi Ha Na Ca Ra ka…. Kejawi mekaten pihak pamarentah
Jateng ugi dereng nyukani dukungan kangge kalestaren basa Ngapak. Tuladhanipun
basa pangantar wonten ing sekolah-sekolah daerah ngapak(kadosipun) boten
dipunwajibaken ngangge basa ngapak, ananging malah kedah migunakaken basa
bandhek.
Ananging
kita boten usah masalahake sedaya menika, kita kedah ngurmati basa kalihan
budaya menapa kemawon ingkang wonten kangge njagi kerukunan. Kita(warga
ngapak) pareng lan kedah bangga kalihan basa ngapak, kenging menapa? Ngapak,
dialek utawi caranipun tiyang guneman khas daerah Kebumen, Banyumas, Tegal,
Brebes, lan daerah kilenan sanesipun sakmenika sampun tambah dimangertosi lan
terkenal wonten Indonesia.
Menawi wonten ing jaman rumiyin, namung
sekedhik tiyang (mliginipun wonten ing daerah njawi ngapak) ingkang ngertos
kalihan ngurmati dhumateng dialek ngapak, ananging wonten ing jaman sekmenika
sampun boten mekaten. Wonten ing salah setunggaling jaman, basa ngapak menika
dipun anggep basa “rendahan” dening tiyang sanes. Sahingga kathah lare ingkang
sami minder guneman ngginakaken basa ngapak, utawi dialek daerahipun piyambak.
Sakmenika sampun boten usah minder-minderan amargi dialek ngapak menika sampun
“diakoni” dening warga Indonesia ingkang cakepanipun jembar sanget. Buktinipun,
sakmenika wonten ing acara-acara tivi nasional sampun kathah sanget ingkang
ngangge dialek ngapak. Tuladhanipun ingkang biasa dipun ucapaken Tukul Arwana,
“balik maning nang leptop!”, tuladha sanesipun inggih menika Kartika wonten ing
acara pesbuker, teras Parto kalihan Nunung wonten ing acara Opera Van Java.
Tiyang-tiyang ingkang tenar ugi kathah ingkang asalipun saking daerah ngapak,
kados Yoda Idol saking Kebumen, Dion Idol saking Purwokerto, Febri Idol saking
Tegal, juara setunggal dumugi tiga wonten ing acara Indonesian Idol 2012 ngaku
yen jenenge “Trio Ngapak”. Ana uga penyanyi pop ingkang tenar inggih menika
Vicki Zhou ingkang asalipun saking Tegal, lsp.
Sakmenika artis-artis ingkang sanes asli ngapak
sami niroaken tiyang nyapak, salah setunggaling tembung ingkang paling sering
ditirokaken inggih menika tembung”inyong/ enyong/inyonge/”. Sesanesipun
hal menika ugi sakmenika sampun kathah ingkang ngangge dialek ngapak wonten ing
intenet, upaminipun grup”Berita Kebumen”, “wallet Muda”lsp.
Kejawi
ingkang sampun dipun rembag wonten bagian nginggil kala wau, ugi pamaos kedah
mabgertos babagan slogan-slogan ngapak, antawisipun “Ora Ngapak Ora Kepenak”,
“Bersatu Kita Kompak, Bertemu Kita Ngapak”, lsp.
Kangge
masarakat Banyumas, basa Banyumasan dipun sebut basa ibu ingkang dipunginakaken
kangge sarana komunikasi padintenan. Babagan menika kados pangadikanipun
Koentjaraningrat,” orang Jawa memilki pandangan yang sudah pasti mengenai
kebudayaan Bayumas selain memiliki bentuk-bentuk organisasi sosial kuna yang
khas, juga memiliki logat Banyumas yang berbeda (Koentjaraningrat, 1994:25).
Dening : Budi Sih Yuliarini
Komentar
Posting Komentar