Tembung Rurabasa
Tembung rurabasa ateges tembung rusak, basa kang wis luput kelantur-lantur, nganti ora kena dibenerake maneh. Ora kena dibenerake jalaran pancen wis ora lumrah dibenerake utawa dianggep bener. Tembung rurabasa dibagi dadi 2, yaiku:
A. Tembung salah kaprah sing wis paten, tegese ora bisa diowahi utawa wis ora bisa dibenerake. Tuladhane kaya ing ngisor iki :
1. adang sega, benere: adang beras supaya dadi sega.
2. njait klambu. benere: njait bahan/kain supaya dadi klambi.
3. mbunteli tempe, benere: mbunteli kedhele kang wis digodhog lan dirageni, supaya dadi tempe.
4. menek krambil, benere: menek wit krambil, yaiku glugu.
5. mikul dhawet, benere: mikul genthong cilik (utawa wadhah liyane ) isi dhawet.
6. ngenam klasa, benere: ngenam mendhong supaya dadi klasa.
7. nulis layang, benere: nulisi dluwang supaya dadi layang.
8. nguleg sambel, benere: nguleg lombok, brambang, tomat, trasi lan uyah supaya dadi sambel.
9. ndheplok gethuk, benere: ndheplok pohung kang wis digodhog supaya dadi gethuk.
10. nggodog wedang, benere: nggodog banyu supaya dadi wedang.
11. mangan awan, benere: mangan sega ing wayah awan.
12. ndhudhuk sumur, benere: ndhudhuk lemah kanggo gawe sumur.
13. ndondomi klambi, benere: ndondomi bakal digawe klambi.
14. ngethok gedhang, benere: ngethok wit gendhang.
15. nunggu manuk, benere: nunggu pari supaya ora dipangan manuk.
16. nyangking banyu, benere: nyangking ember isi bany.
17. kelan lodheh, bebere: ngolah jejangan supaya dadai lodheh.
18. menek kates, benere: menek wit kates.
19. nglinting rokok, benere: nglinting klobot digawe rokok.
20. mbathik jarit, benere: mbathik mori dadi jarit.
B. Tembung salah kaprah sing ora paten, tegese tembung sing bisa dibenerake malah kudu dibenerake:
1. Acara, benere adicara. Awit tembung acara kuwi tembung asale saka basa Indonesia.
2. Ojo panulisan iki manut tata paramasastra Jawi luput, benere aja, awit panulisan [o] ini panulisan manut kaidah paramasastra Indonesia, amarga basa Indonesia ora bisa mbedakake antara [a] jejeg karo [o].
Manut kaidah basa Jawa
|
Manut kaidah basa Indonesia
|
Cara
|
Coro
|
Coro
|
Coro
|
Lara
|
Loro
|
Loro
|
Loro
|
Sapa
|
Sopo
|
Ana
|
Ono
|
Wanasaba
|
Wonosobo
|
Kaliwira
|
Kaliwiro
|
Sriyanta
|
Sriyanto
|
Setya
amrih prasaja
|
Setyo
amrih prasojo
|
Purwareja
|
Purworejo
|
Retna
|
Retno
|
Selakrama
|
Selokromo
|
Leksana
|
Leksono
|
Triyana
|
Triyono
|
3. Panulisan è,e, lan é, kaidah basa Jawa mbedakake panulisan aksara swara è,e,é, kaidah basa Indonesia panulisan [e] ora ana bedane:
Manut kaidah basa Jawa
|
Manut kaidah basa Indonesia
|
Kéné
|
Kene
|
Geger
|
Geger
|
Gègèr
|
Geger
|
Kéré
|
Kere
|
Sléman
|
Sleman
|
Kéthok
|
Kethok
|
Kethok
|
Kethok
|
Kèthok
|
Kethok
|
Sapèn
|
Sapen
|
Kelek
|
Kelek
|
Kèlèk
|
Kelek
|
4. Panulisan [i] sing diwaca [i], lan panulisan [i] sing diwaca [e] ;
Uniné [pithék/péthék] panulisan sing bener: pithik.
Uniné [sakéng] panulisan sing bener: saking.
Uniné [paléng] panulisan sing bener: paling.
Uniné [maléng] panulisan sing bener: maling.
Uniné [krambél], panulisan sing bener: krambil.
5. Panulisan aksara swara [u] sing kawaca [u] lan panulisan aksara [u] sing kawaca [ů] ;
Alun-alun dudu alon-alon
Wedhus dudu wedhos
Jujul dudu jujol
Udud dudu udod
Putih dudu puteh
Tukul dudu tukol
6. Ulang tahun basa Jawane ambal warsa.
Happy birthday selamat ulang tahun sugeng ambal warsa.
7. Selamat tahun baru lawih trep sugeng tanggap warsa;
Happy new year selamat tahun baru sugeng tanggap warsa.
8. Akir-akir iki sing bener leres tembé iki, ntas iki:
Akhir-akhir ini akir-akir iki [salah].
Akhir-akhir ini tembé iki, ntas iki [bener].
9. Antara liya sing bener antarané:
Antara lain antara liya [salah].
Antara lain antarané [bener].
10. Caos lebetan, caos input, sing bener caos pamrayogi, caos panyaruwé:
Memberi masukan, caos lebetan [salah].
Memberi masukan, caos input [salah].
Memberi masukan, caos pamrayogi, caos panyaruwé [bener].
11. Dudu, dédé, liya, sanés;
Dudu tembung ngoko, basa Indonesiané bukan.
Dédé tembung krama, basa Indonesiané bukan.
Liya tembung ngoko, basa Indonesiané lain.
Sanés tembung krama, basa Indonesiané lain.
12. Dèrèng berpengalaman, taksih cubluking kawruh, kirang seserepan.
Belum berpengalaman déréng berpengalaman [salah].
Belum berpengalaman taksih cubluking kawruh [bener]
Belum berpengalaman kirang seserepan [bener].
13. Didukung, disengkuyung ;
Didukung didukung [salah]
Didukung disengkuyung [bener]
14. Dipunbikak, dipunmilai, dipunwiwiti, dipunpurwakani ;
Dimulai dipunbikak [salah]
Dimulai dipunmilai [salah]
Dimulai dipunwiwiti [bener]
Dimulai dipunpurwakani [bener]
15. Dipuntutup, dipunpungkasi, dipunpurnani, dipungkasi ;
Acara ini mari kita tutup dengan….
Acara iki ayo kita tutup kanthi….
Adicara punika mangga kita tutup kanthi…. [salah]
Adicara iki ayo dipungkasi kanthi….[salah]
Adicara punika mangga dipunpungkasi kanthi…[bener]
Adicara punika mangga dipunpurnani kanthi…[bener]
16. Kita, kula lan panjenengan, aku lan kowé. Tembung kita ing basa Jawa beda karo kita bahasa Indonesia. Kita basa Jawa tegese: kowé, sampéyan, panjenengan. Awit tembung kita asale saka tembung Jawa Kuna sing duweni teges kowé, sampéyan lan panjenengan.
Mari kita bersama – sama….
Mangga kita sesarengan [salah]
Mangga kula lan panjenengan sesarengan [bener] utawi
Mangga sesarengan [bener]
17. Kula lan kawula:
Kula tegese saya, aku
Kawula tegese abdi, hamba, rakyat
Kula punika laré dusun [bener]
Kawula punika laré dusun [salah]
Kawula ing dusun ngriki kathah [bener].
18. Kesimpulan, dudutan ;
Jadi kesimpulannya……
Dadi kesimpulané…. [salah]
Dados kesimpulanipun… [salah]
Dadi dudutané…. [bener]
Dados dudutanipun…. [bener]
Komentar
Posting Komentar